Buda Gotama ing Hindhu

Buda Awatara

Ana ing agama Hindhu, Buda Gotama kacantum ana ing kitab Purana (Susastra Hindhu) minangka awatara (inkarnasi) kasanga ing antarané sepuluh awatara (Dasawatara) Déwa Wisnu. Ana ing Bhagawatapurana, Buda sinebut awatara kang angka patlikur ing antarané selawe awatara Wisnu. Tembung buddha ateges "Beliau kang olèh pancerahan" lan bisa pinuju marang Buda saliyané kajaba Buda Gotama, kang yasa Buda kang kawentar nganti jaman saiki.[1]

Benten kaliyan ajaran hindu, ajaran Buda Gotama boten nekenaken kawontenan “Tuhan sang Pencipta”, saéngga agama Buda kalebet péranganing salah satunggaling aliran nāstika (heterodoks: kanthi barès ateges “punika boten wonten”) miturut aliran-aliran agama Dharma sanèsipun, kados ta Dwaita, nanging wonten ing sanèsipun kados ta, Adwaita, langkung mirib kaliyan ajaran Buda, saking wujud menapa déné filsafatipun.[2]

  1. [1] Archived 2012-07-09 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 10 November 2012)
  2. I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN 979-571-020-6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search